Jumat, 02 Januari 2009

Legenda Kutha Banjarnegara

Kutha Banjarnegara ingkang sakpunika dados undheraning pamarentahan punika, wonten ing jaman rumiyin boten mapan ing panggenan ingkang sakpunika kita mangertosi, nanging wonten larah-larahipun, kados kangarep badhe dipuncariyosaken wonten ing ngandahap punika.
Syahban, ing sakupengipun Lepen Mrawu sisih kidul kreteg Clangap(panggenan sakpunika) wonten salah setunggalipun piantun ingkang asmanipun Kyai Maliu. Panjenenganipun kesengsem dhumateng kaendahanipun alam ing sakupenging Lepen Mlawu saengga nggadhahi tekad ndadosaken papan punika minangka padhepokan kanthi asma Banjar(Banjar Petambakan). Dipunasmani kados punika amargi papanipun ingkang mawi kothak-kothak, undhak-undhakan, saha berbanjar. Kyai Maliu lajeng dados kepala desa ing desa punika lan katelah kanthi asma Kyai Maliu Petinggi Banjar. Nalikanipun Sunan Giri Wasiat lan Panembahan Giri Pit tindak ing Desa Banjar, dipuntampi kanthi suka renaning penggalih, malah Kyai Maliu lajeng dipundadosaken putra mantu Panembahan Giri Pit saha ndherek nyiaraken agami Islam.
Bupati Warga Hutama I (Bupati Wirasaba) kagungan putra 5, Nalika panjenenganipun seda, saking panyarujukipun Sultan Pajang, Warga Hutama II minangka panggantosipun ingkang sejatosipun panjeneganipun punika putra mantu ingkang kawentar wicaksana. Dening panjenenganipun Warga Hutama II Kabupaten Wirasaba dipunperang dados 4, inggih punika:
1. Tlatah Wirasaba kagem Ngabehi Warga Wijaya
2. Tlatah Merden kagem Ngabehi Wirakrama
3. Tlatah Banjar Petambakan kagem Ngabehi Wirayudha
4. Minangka Wedana Bupati, Warga Hutama II dumunung ing Kejawar Banyumas.
Ngabehi Wirayudha ingkang nampi perangan Kabupaten Banjar Petambakan boten cetha sinten ingkang nggantosi. Salah setunggalipun trah turunan Kyai Ageng Giri Pit ingkang linuwih budhinipun lan sulistyanipun dados garwa padminipun Raden Tumenggung Mertayuda, Bupati Banyumas kaping-IV ingkang nurunaken Raden Tumenggung Mertanegara ingkang dados bupati kaping-V kanthi ajejuluk Raden Adipati Yudanegara I lan Raden Ngabehi Banyak Widhe dumunung ing Banjar. Wonten ugi ingkang nyebutaken menawi Banyak Widhe punika Bupati Banjar Petambakan I saksampunipun pamarentah Ngabehi Wirayuda. Saksampunipun Banyak Widhe seda, dipungantosi dening putranipun inggih punika Kyai Ngabehi Mangunyuda ingkang ajejuluk Adipati Mangunyuda I lan kawentar kanthi asma Adipati Mangunyuda Sedologi amargi seda wonten ing logi, walanda Kertasura. Adipati Mangunyuda I dipunsarekaken wonten ing Petambakan Banjarnegara. Lajeng dipungantosi kaliyan Raden Kenthol Kertayuda rayinipun, ingkang ajejuluk Adipati Mangunyuda II ingkang ugi sekti saha anti kaliyang pamarentah Walanda.
Wonten ing perang Diponegoro, Raden Tumenggung Dipoyudo IV gadhah lelabuhan ingkang ageng dhumateng Mataram, pramila dipunusulaken dening Sri Susuhunan Paku Buwono VII supados dados Bupati Banjar kangge nggantosaken Bupati Banjar ingkang sampun katelah Banjar Watulebu ingkang wonten ing Banjarmangu, ingkang ajejuluk Raden Tumenggung Dipoyudo.
Raden Tumenggung Dipoyudo nyuwun kepareng supados pusat pamarentahanipun dipunpindah wonten ing sisih kidul Lepen Serayu. Panyuwunanipun kalawau dipunsembadani wasana katetepaken utawi papan kangge undheraning pamarentah wonten ing sabin-sabin ingkang radi jembar wiyaripun banjar. Pramila dipunasmani Banjarnegara(Banjar = sabin, negara = Kutha). Mila kutha Banjarnegara sakpunika wonten ing kidul lepen Serayu.

1 komentar:

  1. Merkur Gold Strike Safety Razor - FEBCASINO
    Merkur's Gold Strike Safety Razor, Merkur Platinum Edge Plated casino-roll.com Finish, German, Gold-Plated, titanium earrings Satin Chrome https://febcasino.com/review/merit-casino/ Finish. Merkur has https://septcasino.com/review/merit-casino/ a more aggressive looking, casinosites.one

    BalasHapus